Edisi Siyam Ramadhan 1441H (Ibu Nanik)
Assalamualaikum wr.wb….
Bocah-bocah mboten kraos kita sampun mlebet dinten ingkang kaping selangkung Wulan ramadhan. Wonten Wulan ramadhan samenika, kita diparingi ujian wontenipun pandemi covid 19. Ewa dene wonten kahanan kang kados makaten, mboten ngirangi greget kita sajroning nindakaken amalan-amalan ingkang Sae, kadosta: nindakaken ibadah sholat wajib kaliyan sunah, ngathahi maos Al Qur’an, tarawih sapunggalanipun. Mugi-mugi menapa ingkang kita tindakaken menika saben dinten dipun cathet kaliyan Allah SWT minangka amal kabecikan. Amin